Dyahni Mastutisari

Lulusan FKIP UNS Solo Jurusan Pendidikan Matematika. Sekarang bertugas di MTs Muhammadiyah Patikraja Kabupaten Banyumas...

Selengkapnya
Navigasi Web

Nang Ngisor Amben

Kedadean kiye dialami nang dulurku lanang jaman deweke esih bocah. Nek ora salah pas kelas 2 SD. Adhine wektu semono uga esih bayi rong tahunan. Mulane dheweke kon turu karo kakange.

Sawijining wengi dheweke mbuh kepriwe dadi wedi turu ora karo ibune. Wengi-wengi pindah kamare ibune. Ibune sing wis lagi ngeloni adhine digugah.

"Bu..Bu...inyong bubu kene ya? karo ibune," ngomonge dheweke meng ibune.

Ibune sing esih ngantuk semaur,

"Ya ngeneh kowe bubu nang ngisor, kiye ana dede-ne."

Banjur dheweke manut omongane Ibune.

Esuk-esuk ibune bingung nggoleti amarga ora nana bocah turu nang ngisore samparane ibu. Jebule dulurku lanang mau turune nang ngisor amben. Ibune banjur ngguyu kemekelen karo nggugah dulurku lanang.

"Bocah-bocah kon turu nang ngisore Ibu malah turu nang ngisor amben, maksud-e ibu kowe turu nang ngisor samparane Ibu udhu nang ngisor amben."

Sing diguyu tangi karo ucek-ucek mripat kayane urung mudheng sing dikarepna ibune. Sing penting dheweke wis turu karo ibune.

Edisi latihan nulis bahasa ngapak.

Patikraja, 10 Agustus 2019

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Niku deneng "dadhi wedhi"? Ingkang leres "dadi wedi", Bu. Menawi "wedhi" niku "pasir".

10 Aug
Balas

Njih Pak matur nuwun...sampun diedit.

10 Aug

Nulis ngapak asyik mbok Lik...

10 Aug
Balas

Latihan Budhe...

10 Aug



search

New Post